KELEDAI LICIK
dening Sri Suartini
Pak Lipet sawijining sudagar
sing adol apa wae. Dheweke nduweni keledai tuwa jenenge Oink. Keledai
tuwa iku mesthi nggawa barang dagangane Pak Lipet menyang kutha. Dalan
menyang kutha kudune ngliwati gurun pasirlan uga kali. Suwene ing dalan
bisa nganthi limalas dina.
Saiki Oink wis tuwa, ringkih lan
lara-laranen. Pak Lipet njur tuku keledai siji sing isih enom. Keledai
iku luwih sehat lan keker. Jenenge Hiho. Pak Lipet terus nggawa suket
seger. Dheweke menehi suket seger akeh mring Hiho. Terus Pak Lipet
njupuk suket sithik lan menehake suket iku mring Oink karo ngomong,
"Mangan sacukupe. Sebabe sesuk dudu kowe sing arep nggawa beban luwih
akeh. nanging keledai nom iku."
Krungu iku, Hiho keledai nom
wiwit nggoleki cara supaya ora nggawa barang abot. Ora kenyana Hiho
licik. Kanthi trengginas dheweke mangan kabeh suket seger ing ngarepe.
Dina esuk candhake Pak Lipet siap-siap lunga ning kutha kaya biyasane.
Pak Lipet nuntuk keledai loro iku, nata barang-barang dagangan. Nanging
dingerteni Hiho lemes. Keledai nom iku ethok-ethok lara.
"Aneh. Kamangka wingi kowe sehat lan kuwat," ujare Pak Lipet ora percaya.
Akhire
Oink nggawa barang dagangan uyah rong karung gedhe. Nanging Hiho nggawa
rong karung gedhe isi sandhangan. Najan padha-padha rong karung nanging
rong karung uyah luwih abot. Hiho kang licik ngguyu Oink ing njero
atine.
Keledai kekarone mlaku iring-iringan. Oink sing wis tuwa
mlaku alon-alon. Dheweke nahan beban abot ing gegere. Dene Hiho mlaku
mlenggang seneng.
Nalika tekan kali sing jero, sang sudagar
kepengin lerem sedhela. Sudagar mangan bontotane. Ora lali menehi suket
kanggo keledai loro. Si sudagar emoh mbongkar-bongkar dagangane sing ana
ing gegere keledaine. Oink ora isa istirahat sethithika.
Sawise
ngaso sudagar lan keledaine nyabrangi kali nuju kutha. Nanging sudagar
ora sadar yen banyu kalu nglarutake uyah sing digawa Oink. Bebane Oink
sing maune aabot saiki luwih enteng. Dene sandhangan sing digawa Hiho
dadi abot merga teles kena banyu kali.
Dalan sing diliwati isih
adoh lan suwe. Beban abot ing gegere Hiho krasa. Nalika leren ing
sawijining desa Pak Lipat malah adol uyahe kanthi rega murah. Mulane meh
kabeh uyah payu kadol. Pak lipet sadar kanggo tekan kutha mesthi
ngiwati kali maneh. Mulane sudagar cepet-cepet adol kabeh uyahe.
Saiku
kita wis ngerti keledai ngendi sing nasibe malang/nyedhihake. Sandangan
sing digawa Hiho ora arep kurang nganthi tekan kutha. Malah durung
nganthi garing sandangan mau, wis kudu ngliwati kali maneh. Ah.....
Hiho, keledai licik sing sengsara.***(Rusdi Ngarpan Suryapati)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar